Kamis, 17 Maret 2011

minggu awal maret

(sambungan part 1)

Turun dari escalator lantai tiga, piker-pikir akhirnya yo wis diputusi kalo mau beli batik yang tadi, cari-cari lagi toko yang dodolan lali dalane je.. setelah berupaya sedikit keras memakai GPS yang tertanam di otak dan feeling, ketemu juga yang dodolan. Sing dodolan nawa’ke maneh, piye mas arep? Koncoku njut nimpali, wis dijajal disik tah. Dicobalah batik biru jleret kuwi, koyok’e kok yo pas yo rek. Wis dadenan rego, bayar njut mulih dengan hati plong.. “duit kasian” selama jadi pegawe Negara wis nipis. Gak popolah sing penting nyentel dadi barang. Metu ko gedunge plong, angin segere rek, opo goro-goro sumpek lan padete neng njero mau yo? Ora ketok’e koyok’e bar grimis cilik-cilik mau. Jam wis arep setengah limo, mangkat njujuki pit montor gur isoh cengangas-cengenges, jur ngerti ban’e rodo nggembos, koncoku tak kon mlaku tekan njobo areal parkiranne ambi takon-takon karo wong sing liwat neng kono perihal tukang tambel ban. Pit montor tak tumpak’I ambi di tuntun sikil. Catetane, ongkos parkir neng kene luaaraangge.. moso’ mung markir rong jam setengah kene’ cash sekawan ewu??

Wong neng atrium we mung limangatus sa’ jame. Pengen cepet sugih nggo mbangun gedunge sing wis rodo’ ora ilok nggo dodolan rupane. Tekan njobo koncoku ndudohke tukang tambele mung neng pengkolan kuwi, yo wis tak tututi. Lah wong tukang tambel ban kok yo ra ketok-ketok’en ngene yo uwong do ra ngerti je. Pancen langganane tukang pak supir bajaj kabeh. Yo wis mas tambahi angine, bayar sewu. Mangkat maneh mulih nyang ngomah. Kok ra di tambalke yu? Takone koncoku. Ora bocor ketok’e, wis munggah, nggko nek bocor garek nuntun njut kowe mulio dewe wkkekekekek…

During enek sa’ gasan ada razia polisi polsek senen.. pit montor komplit, helm komplit wis ra’ jirih surat komplit, nglaras we lah. Eee ra ngertio jik diendeki ambi pak pulisi..ckckckck

Kami dari Polsek SENEN, Tolong perlihatkan surat-suratnya pak.

Tanpo gagas, kukeluarin nih surat-surat sakti..

Terima kasih pak, silahkan dilanjutkan perjalanannya.. ucapan salam dari pak pulisi.

Jalan lanjut lagi, ban’e kok mbleyer egal-megol to yo. Mandek ngawang-ngawang sedeluk, kok yo ora nggembos yo? Wis mungkin mung perasaanku aja, oo opo goro-goro nggeingi bar ganti ban yo? Ban’e njobo anyar lan modele yo model anyar, tak pilih umogo tambah safety neng ndalan men ra lunyu ngono. Tekan perlintasan sepur kemayoran, tiba’e ene’ sepur liwat dan ada pemandangan yang tidak seperti biasanya.. opo kuwi..?? ada pak petugas langsir kereta yang ngasih sinyal-sinyal pake bendera morse anak-anak pramuka, itu kan sinyal model jadul dan sekarang segala persinyalan nganggo sinyal digital lan lampu.. ngulatke, mratekke, bapak’e wis tuwo sih ngugemi tugase …sing sabar yo pak..

Sepur liwat palang dibuka, lanjut lagi.. pas tekan prapatan pool DAMRI, aku enggokke setang rodo’ nganan, maksudte pingin liwat jembatan Jiunk, nanging koncoku ngelingake, liwat lurus wae lah.. yowis akhire liwat Jembatan Bendungan jago. Tekan dalan arep nyang ngomahe de’e, ngincengi disik nggonane dodolan koncoku SD mbiyen, oalah tiba’e ono benere yo omongane koncoku ndisik pas jih kerjo ning pabrik kalo rata-rata dokter itu berjodoh dengan dokter, ngerti to maksudte?? Maksudte yen wong jodonan kuwi biasane nduwe kecocokan, mbuh kuwi kerjaane, mbuh kuwi keluargane, opo sifate. Wis liwat mung sepintas, tekan neng omahe mudun, markirke si blue RJL neng pinggir dalan, panen omahe gak nduwe garasi.. lan duwur banget je munggahe wedi banjir ketok’e. mlebu lingguh njut ditawa’ke ngombe, wis sore during adus, asem ambune semangit je.. ngobrol ngalor ngidul, pas arep maghrib koncoku sing sito’e meneh teko, wis telulas taun gak ketemu rek.. sa’iki wis jenggoten kabeh kwkwkwk.. ngobrol-cerito-cerito, sayang gak sempet ngambil tustel buat jeprat-jepret (emang gak nduwe hahaha..) gak popo, poto bukan segalanya, pertemuan lah yang sudah membuktikan kalo kami masih berteman.. (bahasa dewa).

Wong telu ngobroli jaman-jaman kegelapan waktu masih pake celana pendek, sing dolanan bal, sing gaple, sing judi, sing ngetemi mobile wong, sing ngeplak’i anak’e uwong.. lan kabehe sing seru nggo di ceritakke..

Ra ngerti lan ra kroso wis jam songo je, ene’ siaran langsung tanding bal lan kudu budal mulih sesuk mangkat kerjo isuk-isuk, pamitan njut nyetarter pit montor, diulat-ulatke, dirasa-rasa’ke, kok yo nyatane ban’e ora nggembos bin bocor..Alhamdulillah, tapi do’a tidak cukup sampai disini masih ada plusminus dua puluh kilometer lagi yang kudu ditempuh buat sampe dirumah. Mugo-mugo gak nggembosi neng ndalan..Amin..


ending dari part sebelumnya. (lanjutannya masih ada deng.. so, coming soon)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar