Jumat, 11 Maret 2011

Ban nggembos nanging ora bocor

Minggu awal maret (part 1)

Pernah gak ngompa ban sepeda motor tapi malah bane ngembos?

Lah iki, agek arep mangkat nyang Jakarta saking ngomah ki ban montor rodo nggembes, sebagai manusia sing jik normal nek nemoni ban nggembes yo di kompa. Wes diroso wareg bane yo langsung mblandang. Neng ndalan rodo kroso maneh bane rodo nggembes, mlakune rodo oleng lan ngglier-ngglier, medeni rek.. tekan pom bengsin yo di kompa maneh, langsung joss. Mplipir maneh.. nyusuri dalan bekasi Jakarta. Sejam ditumpa’i montor isih joss, tekan tujuan didaerah cempaka putih, parkirane puadet poll, ngalahi dadine parkir neng mbuncit mburi dewe, yowis gak popo, sing penting rencana dan lelakon tersalurkan. Sekitaran sejam disitu, ketemu temen dan urusan sudah beres. Ditawari DVD game PC harga 1/3 harga pasar langsung tak comot tanpo gagas. Koncoku sing nawani mung cengengesan dagangane payu. Dasar gemblung, wis tuwo jik dodolan game.wkekekeke..

Mangkat nyang senen, ngampiri sedeluk koncoku nang daerah sunter, mangkat langsung ngacirr..

Tekane ndalan udan rodo’ grimis cilik (grimise cilik koncone milyaran, dadine ngeyup sik neng cedak’e sekolahan). Ora lali ngerita’ke konco SD sing bar tahun wingi rabi ambi konco SMP, nanging wonge rodo-rodo gak kelingan. Kancane grimis bubar, mangkat maleh, montor ngacir..lha dalah tekan ndaerah senen udan nambai koncone dadi tryliunan kepekso mandek nggo ngeyup maneh. Mung sedeluk mangkat meneh ngeliwati ril sepur menngok kanan tekan proyek. Jan blas lali eram wis luwih sepuluh tahun gak ngambangi daerah kono, biasane liwat yo mung liwat tok. Arep markir ngantri njupuk karcis, ene’ buapak-bapak nyorak’i “mas banne kempes”. Lha dalah tenan to, nangging kok yo ra kroso yo nek nggembos. Mbingungi ambi komat-kamit mugo-mugo ra bocor banne. Alhasl ngantri karcis dibarengi nutnun pit montor. Garek mikiri mengko baline golek tukang tambal sing cedak (blas marai gak konsen tenan). Wis parkir, njut aku ambi koncoku mlebu munggahi tangga sing akeh wong nongkronge. Medeni rek.. iki pasar opo terminal to?.

Mlebu jebulane took-tokone rame, dalane mung sempit amot wong loro papasan. Tak kanoni koncoku kuwi neng ngendi tukune? Halah aku yo wis rodo lali, mau kuwi mlebuni lan parkire ojo metu kene, metu nggunung sahari kono. Yowis di ubengi sik wae lah, sopo ngerti ketemu, wong nggone yo mung ning kene-kene iki. Mubeng-mubeng pasar sing wis rodo sepi, pancen gare’ sitik sing dagang mbuka’ lapake, munggah medon tinggat gedung sing mung papat nanging marai sikil kemeng kabeh. Toko sing dodolan dituju wis ketemu, manggone rodo’ neng mburi lan sepi. Mlebu toko pilah-pilih anceran sing arep di tetuko’ke. Mbolak-mbalik ngincengi model sing apik. Pas entuk sing disenengi, takon regane ambi mbak sing jogo,

@ : piro mbak?

@mba’e : Satus skeet, wangsulane,

@ : isoh kurang mboten balesku

@mba’e : isoh kurang sitik

@ : seket yo? Towoku

@mba’e : mboten oleh mas..

@ : wes pase piro?

@mba’e : 110 wes pas ra isoh kurang maneh

@ : yowes mba’ ternuwun

Mbalandang lungo ditututi koncoku golek took liane sing dodolan barang sing podo. Mlebu toko liane, pilah-pilih maneh, neng toko iki mba’ sing jogo rodo nyelayani apik. Dipilihke sing rego apik, diduduhke dagangan sing ene’ nduwur dewe. Tak jajali kok yo pas, barang srek.

@ : piro mbak?

@mba’e : rongatus selawe, wangsulane,

@ : isoh kurang mboten, balesku

@mba’e : isoh kurang sitik

@ : seket yo? Towoku

@mba’e : mboten oleh mas..

@ : wes pase piro?

@mba’e : satus selawe wes pas ra isoh kurang maneh

@konco : piro yud (sambil bisik-bisik)

@ : satus we lah, ta’ jabani

@konco : yowis tak tawa’ke

@ : iyo

@mba’e : pinten towone?

@konco : wis mba’ suwida’

@mba’e : mboten oleh

@konco : wis pitungpuluh

@ : yo golek liane wae (pura-pura ngabur)

@mba’e : tambai mas

@konco : yaudah pitungpuluh oleh ora

@mba’e : meneng, mikir

@konco : wis pitungpuluh

@ : yo golek liane wae (pura-pura ngabur)

@mba’e : yowes mas tambai limangewu

@ : yo wis bungkus (mesa’ke dit mangewu)

Akhirnya dibungkuslah barang tersebut dan kita ngacir dengan lega. Koncoku sa’iki sing hunting barang le arep dituku, jarene arep tuku timbangan, mbuh nggo opo. Muduni gedung nyemplak nyaang lantai dasar dewe, mubeng-mubeng akhire nemu sing dodolan. Towo-towo merek sing dikarepi, bahane, spek nganggone aro regone. Wes cocok speke, garek towo-towonan rego, ngalor ngidul ngetan ngulon, ujung-ujunge regone yo mung podo aro rego sing tak to’ke mau.

Wis podo-podo entuk barang tujuanne, tak ja’i ndelok-ndelok klambi, rupa-rupane apik je, pilah-pilih mubeng-mubeng mlebu-metu toko mbusuk-mbusuk nyang jejeran klambine, metu ra nggowo opo-opo. Lah wong yo mung ndelok-ndelok je. Dudu masalah regone sing duwur-duwur, rego duwur nek barange apik yo sepadan je. Nagnging during ene’ sing cocok lan srek ning ngati. Mlebu nyang toko klambi batik judulane khresno hadi. Regone larange.. nanging tur emang apik barange. Pilah-pilih kecantol karo batik sing gambare bimo karo kresno age’ caturan. Mbuh ngomongi opo, lah wong ga’ ene’ teks ke koyo ning komik. Takon regane, moso’ yo luwih larang karo barang sing dituku mau. Akhire towo-towonan koyo ning caturan awalane kuwi, ujung-ujunge sing dagang we’I rego gak isoh ditowo maneh alias pas surampas. Etok-etok’e mblayang lan ngabur golek liane, lah kok yo gak dijeluk maneh opo kuwi artine emang regane sa’mono kuwi? Yowis, mengko wae lah bar sembayang asaran, dilanjut piker maneh. Koncoku sing mung isoh cengengesan malah ngeledeki, ne’ ra dituku opo ra ngesel lan digowo ngimpi kuwi? Halah wis arep asaran jih ngomongi koyo ngono kuwi. Konsen je, opo kowe arep ngenteni ning njobo wae njagakke srandalku nyoh. Hahahah isohe mung cengangascengingis..

Budal sembayang entuk ‘penemuan besar’ gak ngertio sing dagang ning kwitang le keno gusuran roto-roto pindah ning kene, ngertingono rasah adoh-adoh ngolek’I nyang blok-M. nign kene luwih rame lan lengkap pancen cedak malah. Nganging dasare emang gak arep golek buku yowis dadine mung liwat wae sambil lirik-lirik jejeran buku sing apik-apik. Mudun ko ngone numpak’i escalator papasan aro cewek wong loro ngliriki, wis papasan tak ulatke diitungi ping telu, ji..ro..lu.. noleh je.. aku mung isoh cengangasen hahahaha.. ada cewek lirik-lirik..wkwkwk. tapi sori jek critane nggak disambung kesitu. Nanti saja lain waktu. Sekarang agek nyitakke ban nggembos..

Bersambung ke part 2..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar